Sunday, April 19, 2015

‎Badrun karo Sodrun bengi2 peteng ndhedhet nyolong jeruk neng kebon, lagi oleh setengah karung, ono asu njegog langsung mlayu banter wedi selak konangan. 

Tekan ngarep Gerbang Kuburan sing angker jeruke tibo ngglundhung 2 tapi ditinggal wae mergo kesusu arep cepet-cepet ndelik neng mburi kijing timbang konangan nguwong. Kendel tenan maling 2 iki.... 

Kiro2 wis aman, Badrun karo Sodrun wiwit mbagi hasil.. "aku siji....kowe siji....aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji...." Ngono terus nganti ono wong liwat, yoiku Si Paijo, kaget, mandheg mrinding krungu swara aneh seko njero kuburan angker...... "aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji......." 

Saking wedine Paijo mlayu njranthal marani omahe pak kyai cedhak kono lan karo ngos-ngosan pucet ndheprok dhengkule meh copot crito suoro memedi neng kuburan wingit mau. 

Pak kyai penasaran, ngajak Paijo ngindhik neng ngarep gerbange Kuburan, ora wani mlebu. Paijo gemeter gocekan sarunge pak kyai seko mburi... 

Seko njero kuburan tetep krungu swara : "Aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji..." 

Paijo: " Pak kyai nopo niku swara malaikat itung2an nyowo menungso sing mpun dicabut ajeng dilaporke teng Gusti sing kuwaos pak kyai ? Paijo takon bisik-bisik gemeter keweden tenan.... 

"Mbuh aku dhewe ora paham Jo" jawabe pak kyai karo megeng napas... 

Ora suwe ono swara maneh seko njero kuburan.. "Iki wis rampung kabeh, saiki kari 2 sing neng ngarep Gerbang Kuburan kae arep dijupuk sopo? Kowe opo aku??" 

Pak Kyai lan Paijo: "WAAAAAAAA.....blaikkkk.....!! " Njenggirat kaget saknaliko Pak Kyai lan Paijo mlumpat kalen mbradhat mlayu keponthal-ponthal, tibo glangsaran tangi maneh nganti sandhale keri.....lan sarunge mlorot...

0 comments:

Post a Comment